RSS

CERKAK

Cerita cekak utawa cerkak yaiku mubarang bentuk karangan nduwe bentuk prosa naratif fiktif lan nggunakne Basa Jawi jero panulisane. Cerkak cenderung padat lan teras nang tujuane, dibandingna karo cerito fiksi sing luwih dawa kaya novel. Cerkak sukses nyandhalake teknik-teknik sastra kaya tokoh, alur, tema, basa, lan insight sacara luwih amba dibandingna karo fiksi sing luwih dawa.

 Cerkak cenderung kurang kompleks dibandingna karo novel. Cerkak biyasane muserke gatekan nang siji kedaden, nduweni siji plot, setting sing tunggal, cacah tokoh sing kewates, ncakup arah wayah sing singkat.

Cerkak iku cerita gancaran kang ngadhut prastawa kang ora dowo lan ora akeh alur ceritane. Nang boso Indonesia cerkak iku disebut cerita pendek.
Cerkak nyritakelangsung menyang babagan/ faktane, dibandhingake crita fiksi kaya novel. Cerkak migunaaké teknik  sastra kayata paraga, alur, tema, basa lsp

Cerkak dados kirang Komplek saking novel. Cerkak biasane fokus ing setunggal prastawa, alur, setting, karakter, lan wektune cendhak .

Jero bentuk-bentuk fiksi sing luwih dawa, ceritone cenderung momot unsur-unsur inti tertentu saka struktur dinamis:
  • Eksposisi (panerna setting, situasi, lan tokoh utamane)
  • Komplikasi (kadadean neng jero cerito sing ngenalake konflik)
  • Aksi sing ningkat, krisis (wektu sing menentukan kanggo si tokoh utama lan komitmen dekne kabeh adhep mubarang jangkah)
  • Klimaks (titik minat paling dhuwur jero pangerten konflik lan titik cerito sing ngandung aksi paling akeh utawa penting)
  • Penyelesaian (kanggonan cerito neng endi konflik dipecahkan)
  • Moral
Amarga cendhak, cerito cekak bisa momot pola iki utawa bokmenawa uga ora. Dadi contho, cerito-cerito cekak modern mung sapisan ngandung eksposisi. Sing luwih umum yaiku awal sing mendadak, karo cerito sing dianyak neng tengah aksi. Kaya jero cerito-cerito sing luwih dawa, plot saka cerito cekak uga ngandung klimaks, utawa titik walik.

Ning mangkana, akhir saka akeh cerito cekak biyasane mendadak lan bukak lan bisa ngandung (utawa bisa uga ora) pesan moral utawa piwulang praktis. kaya akeh bentuk seni endia, ciri khas saka siji cerito cendhak beda-seje manut pengarangnya.


Ing wangun fiction maneh, crita kathah ngemot unsur inti tartamtu saka struktur dinamis:
a. Exposition (setelan introduksi, kahanan lan karakter utama)
b. Komplikasi (konflik)
c. Krisis (wayahe nemtokake kanggo protagonis)
d. Klimaks (titik puncak ing crita )
e. Peleraian (konflik wis sampun saged dirampungke)
f. moral

Cerkak nggadhai 2 unsur, yaiku:
1. Unsur intrinsik yaiku unsur sing nangi karya kuwi dhewe. Unsur–unsur intrinsik cerkak yaiku dadi iki:
  • Tema
  • Latar: panggon, wayah, kahanan.
  • Alur: maju, mundur, campuran.
  • Tokoh
  • Penokohan
  • Sudut pandang
  • Amanat
2. Unsur ekstrinsik yaiku unsur-unsur sing ana ing njaba karya sastra, ning sacara ora teras mempengaruhi tangen utawa sistem organisme karya sastra.

Unsur ekstrinsik meliputi:
  • aji-aji jero cerito (agama, budaya, politik, ekonomi)
  • Latar buri kuripan pengarang..
  • Situasi sosial pas cerito kuwi diciptakan.

Tuladha:





Sekolahan isih sepi nalika Niken tekan parkiran. Pancen isih esuk, durung ana setengah pitu. Biyasane kanca-kanca guru tekane jam pitu kurang seprapat. Niken sengaja teka Iuwih gasik amarga iki dia kapisan dheweke mlebu kantor sawise seminggu diklat ana LPMP.


“Sugeng enjang, Bu Niken.”

Niken tumoleh. Nalika weruh blegere sing nyuwara, dheweke manthuk karo mesem. Nanging dumadakan wae dhadhane krasa kemranyas. Tujune ora gantalan suwe guru-guru Iiya padha rawuh. Niken nyalami paraga kuwi nuli age-age miebu kantor.

“Wis ketemu pak kepala anyar?” pitakone kanca guru.

“Kepala anyar?” bathuke Niken njengkerut.

“Asmane Pak Bagus Wicaksono. Wingenane awakmu rak wis tak es-em-es. Apa ora diwaca ?”

“Takbukak sithik, ning gandheng akeh tugas akhire lali.”

“Nggantheng, tur isih legan,” ujare Susi.

“Jaremu piyayine nggantheng, kok durung payu?”

“Kuwi biyen critane tau patah hati nalika kuliyah.”

“Awakmu iki biyang gosip. Saka ngendi crita sing ora jelas ngono kuwi?”

“Susi gitu Iho. Gosip nanging dudu fitnah. Sumbere kredibel,” ujare Susi karo ngakak.

“Piye, kowe kepranan apa ora?”

“Ora pantes maneh aku ngomongake bab katresnan.”

“Ora pantes piye? Umurmu durung ganep patang puluh. Upama Pak Wicak ngesir awakmu, aku ora lila weruh panjenengane patah hati maneh merga kok tulak tresnane.”

Bagus Wicaksono pancen tau dadi kakak tingkate Niken ing IKIP. Bagus njupuk jurusan basa Inggris dene Niken basa Indonesia. Niken tepung Bagus Wicaksono natika Ospek. Bagus minangka ketua panitiane. Bagus sing pancen nggantheng dadi idolane mahasiswi anyar, kalebu Niken. Bagus sajake uga kepranan marang Niken.

Tir padha irenge, sir padha senenge. Kabeh krasa endah tumrap sakarone. Kanca-kancane padha ngerti menawa Niken duweke Bagus. Ngalor ngindul wong loro iku tansah reruntungan.

Nanging ora ana udan ora ana angin dumadakan bapake Niken nyusul menyang kampus saperlu ngajak anake bali ndesa. Niken ora kober pamit marang Bagus sing wektu kuwi ngepasi KKN. Niken ngilang saka kampus tanpa ana siji-sijia kancane sing ngerti ana lelakon apa satenane.

Niken dijodhokake karo priya pilihane bapake. Bapake kejiret utang marang rentenir merga kapusan. Ndilalah utange marang rentenir, saengga tambah dina sangsaya njiret gulu. Utomo, bujangan tuwa, gelem sabiyantu nutup utange. Sejatine Utomo ora njaluk pitukon apa-apa nanging bapake Niken bisa maca glagat yen satemene Utomo mambu ati marang Niken. Rehne wis kepotangan budi akeh banget, bapake banjur njodhokake Niken entuk Utomo.

Minangka bektine marang wong tuwa, Niken gelem dipek bojo Utomo. Nanging dheweke ngajokake syarat bisa kuliyah maneh ora ketang ing Universitas Terbuka. Niken wekasane bisa kuliyah nganti rampung Ian duwe gelar sarjana. Nalika ana pengangkatan guru Niken katut.

Urip dadi randha ora gampang. Senajan anggone ningkah karo Utomo tanpa linambaran tresna, nanging dheweke ngudi tetep setya Ian bekti. Mula bareng Utomo tinggal donya merga serangan jantung, Niken nutup atine saka priya sing nyoba nothog. Dheweke pilih ngopeni anake lanang, sing umur limang taun. Nanging sapatemon kang ora njarag klawan Bagus njalari atine Niken rontang-ranting.

Sadhar karo atine kang mobat-mabit saben adu arep karo Bagus, Niken sengaja ngadoh. Saben ana rapat guru, Niken pilih anteng ana mejane sinambi ethok-ethok sibuk karo laptope. Saben ngaso Niken ngumpet ana perpustakaan sinambi ngladeni bocah-bocah sing padha nyilih buku.
“Bu, dipun timbali Pak Kepala,” aloke Sri, siswi kelas IX-C kang marani Niken menyang perpustakaan. “Dipunrantos wonten ruwang kepala sekolah, Bu.”

Niken nuli menyat. Jumangkah tumuju ruwang kepala sekolah kanthi dhadha dhag dhig dhug. Kepala sekolah anyar iku lagi lungguh ngadhep laptop. Niken nothog lawang alon. Bagus tumenga banjur mesem. Niken kumesar.

“Bapak nimbali kula?”takone kanggo nutupi gugupe.

“Pinarak, Bu Niken. Wonten perkawis ingkang badhe kula rembag.”

“Perkawis menapa, Pak?” takone Niken sawise Iungguh.

Bagus mesem tipis karo nyawang Niken tajem. Sing diulati kecipuhan. Rasane kepengin enggal uwal saka kursine sing dadakan krasa panas.

“Kabar apik, Dhik?” Bagus kumecap Iirih.

“Alhamdulillah, sae sedaya,” wangsulane Niken karo ndhingkluk.

“Aja formal kaya ngene, ta. Awake dhewe rak mung wong loro ing ruwangan iki.”

“Jam ngaso sampun badhe telas,” ucape Niken ngenggokake rembug.

“Ing jam ngaso sing kari sethithik iki aku pengin sliramu ora ngedohi aku, Sasuwene telung sasi aku ana kene, sliramu sajak ngadoh terus saka aku. Mangka pirang-pirang taun aku nglari ilange Wanita sing wis nyolong atiku.”

Niken blangkemen. Dheweke ora bisa sumaur.

“Aja kuwatir, Dhik,aku ora bakal njaluk bali atiku sing wis kadhung kok colong,” ujare karo nggegem tangane Niken.

“Mboten sae dipirsane tiyang, Pak,” ujare Niken lirih.

Bagus Wicaksono nguculi gegemane. “Aku ora njaluk bali ati sing wis kadhung mbok gegem, Dhik. Nanging, aja mung atiku. Ragaku uga kudune melu mbok gegem. Wis welasan taun lawase ragaku suwung amarga kelangan ati sing selawase iki kok gawa.”

“Panjenengan kepala Ian kula guru.”

“Dhik, nalika aku lagi KKN sliramu ilang tanpa Iari. Kowe ora ninggali pesen apa-apa. Atiku cuwa, Dhik. Nanging aku mbudidaya tetep ngugemi rasa tresnaku marang kowe engga seprene.”

Niken manikelu, nanging cepet nguwasani dhiri.

“Aku njaluk pangapuramu sing gedhe, Mas. Nalika kuwi Bapak lagi kejiret rentenir. Mas Utomo nulung bapak, Ian sateruse njenengan bisa mirsani dhewe kaya ngapa aku saiki.”

“Pitulas taun aku nggoleki, nanging mung njaluk ngapura ngono wae?” ujare Bagus.

“Lha aku kudu kepiye, Mas? Muter wektu bali mbiyen maneh ya ora isa. Barang wis kadhung ora perlu digelani. Mung siji sing takgelani, ya gene aku ora kirim kabar marang panjenengan saengga panjenengan ora tansah ngeling-eling marang aku,” ujare Niken.

“Yen pangapura wae gampang, Dhik. Aku duwe akeh banget. Nanging, apa ya mung cukup pangapura sing arep mbok ajap saka aku?”

Niken ngerti arah omongane Bagus, nanging emoh miwiti ngomong tresna. Niken rumangsa ora ana apa-apane dibandhingake priyayi bagus ana ngarepe. Kepiyea wae dheweke wis tau ngiyanati Ian natoni atine wong Ianang kuwi. Kanggone Niken, wis cukup pangapura wae saka Bagus. Bagus duwe hak kanggo golek wanita sing Iuwih sakabehe tinimbang dheweke sing randha anak-anak siji.

“Ya wis, yen ngono karepmu, Nik. Sajake aku pancen kudu ngedoh saka uripmu,” ujare Bagus. “Saiki baliya menyang keIas.”

Niken angluh. Sajake Bagus Wicaksono cuwa maneh gara-gara ucapane. Nanging atine luwih lara merga sadhar yen wong lanang sing gawe atine mobat-mabit iki bakal ngedoh saka dheweke. Niken nuli jumangkah menyang ruwang guru. Ora rinasa mripate kekembeng luh.

ANGIN sore krasa seger nampeg awak. Niken rumangsa marem nyawang latar omahe sing asri. Tanduran mawar maneka warna nggrombol ana poncod kulon mepet pager. Ing sisih wetan kolam iwak kol sing tansah kumcricik banyune nggawa rasa tentrem ana ing ati.

“Ketoke kok sajak bahagia, Dhik.”

Niken noleh. Priya bagus nembe metu saka omah. Sajak seger bubar adus sore. Dheweke nuli lungguh ana sandhinge Niken sinambi nyruput teh sing wis dicawisake.

“Wis sampurna, Mas,” ujare Niken marang priya kuwi karo mesem. Panyawange kebak katresnan. “Matumuwun panjenengan wls kersa rawuh ana uripku.”

“Upama aku ora weruh ana bu guru sing nangis metu saka ruwanganku, takkira nganti dina iki aku isih dhewekan,” ujare Bagus.

Niken mesem kisinan sinambi njiwit garwane. Bagus uga ngrasa sampuma. Duwe bojo ayu sing ditresnani iya duwe anak lanang sing wis gedhe, Ian siap- siap ngenteni laire si jabang bayi kang wis diarep-arep dening sakabehing brayat. Senajan katresnane nembe kawujud wayah Iingsir sore, nanging Gusti Allah paring piwales sing luwih saka cukup kanggone Niken Ian Bagus Wicaksono. --- Cuthel


Dening: DANINGTYAS KH.
Panjebar Semangat No.19-7 Mei 2016

Sumber : 

PAWARTOS

Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh. 

Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk kayata:

Bentuk cetak

Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan sanesipun.

Bentuk Siaran

Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA TV, berita bahasa jawa JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita bahasa jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.

Liwat Internet

Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta bahasa jawasesorah jawakumpulan cerita bahasa jawacerita wayang bahasa jawa, lan sak panunggalane.

Bentuk lisan

Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.

Unsur Pawarta

Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan.
Apa = Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa= Merga apa kedadean kasebut dumati.

Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H.

Warta ingkang menarik kedah nduweni pirang-pirang sifat yaiku aktual, faktual utawa nyata, cekak aos, narik kawigaten utawa menarik kanggo dingerteni, unik, uga jangkep.

Tuladha :

Kiai se-Jawa Madura Nyuwun Pembubaran Ahmadiyah
Halaqah Majelis Silahturrahmi Pengasuh Pondok Pesantren Indonesia (MSP3I) se-Jawa lan Madura nyuwun dateng pamarentah supados enggal mbubaraken Jemaat Ahmadiyah. Majelis alim ulama ugi ndawuhaken supados ngendek sedoyo mawon kegiatan lan penyebran kegiatan Ahmadiyah.

"kangge nyegah kedadosan kekerasan lan njagi keamanan negari, majelis silahturrahmi kyai nyuwun dateng pemerintah mbubaraken Ahmadiyah .pangandikanipun , KH Fachurrozi, Ketua MSP3I Jatim ingkang ugi pengasuh Ponpes An Nur, Bululawang Malang, Jumat (11/2/2011).

Halaqah alim ulama di Ponpes Sidogiri, Kraton Kabupaten Pasuruan, kolo wingi, ugi nyuwun dateng pemerintah supados SKB TigoMenteri No 3 tahun 2008 dados Undang-undang pelarangan ajaran Ahmadiyah. dateng masyarakat, dipun imbau supados mboten gampil dipun provokasi kawontenan puniko terutami masalah sara.

Halaqah poro sesepuh Ponpes niki dipun dugeni 130 ulama lan kyai khos. antawisipun KH Abdullah Faqih (Langitan Tuban), KH Achmad Subadar (Pasuruan/Rais Syuriah PBNU), KH Nawawi Abdul Djalil (Sidogiri, Pasuruan), KH Miftahul Ahyar (Rais Syuriah PWNU Jatim), KH Abdussomad Bukhari (Ketua MUI Jatim), KH Pangadilan Daulay (MSP3I Jakarta), KH Fuad Nurhasan, KH Bachruddin Thayyib (Pasuruan), KH Fachri Abdullah Sachal (Bangkalan).

Serat rekomedasi poro alim ulama niku wau ajeng dipun kintun dumateng Presiden lan DPR/MPR. Poro ulama ugi gadah pangarep-arep supados pamarentah enggal kemawon mbubaraken jemaat ahmadiyah ingkng sampun nyesataken puniko.Ketua MUI Jatim, KH Abdussomad Bukhari ugi mratelaaken , intinipun masalah kolo wau inggih saking ajaran ahmadiyah ingkang sesat lan mboten dipun larang kalian pemerintah.


Rudi 19 Taon Sedho Gumantung Ing Omahe
Kakira amarga nandhang depresi abot sawijining warga padhukuhan     paten desa Sumber Agung kecamatan Bantul nekat ngendhat lumantar panji klanthung iki mungkasi uripe kanthi cara ngendhat nanggo tali plastik kang ditalekake ing ndhuwur lawang kamr omahe.

Tumindakke kanoman aran sasongko 19 tahun kang nekat iki langsung gawe gegere para warga mlikine tanggane korban. Kanoman kang wis suwe dimangerteni ngalami depresi iki nekat ngendhat nganggo tali kang ditalekake ing ndhuwur angin-angin lawang kamare, miiturut saakehing seksi ing papan kadadean korban wis makaping-kaping dirumat ing rumah sakit jiwa ing Pakem, Sleman kanthi laku kang ditindakake sasongko kasebut langsung dimangerteni dening bapakne.

Nalika mulih saka sawah, mangerteni yen anakke wis gumantung, Bapakne korban langsung ngethok tali kang digunakake kanggo ngendhat kanthi pangucap supaya anakke isih ketulungan. Kapolsek Jethis, Letjen komisaris Sumardi ngelakake korban murni tewas amarga nglalu. Jrone paniti priksa medis lan tim identifikasi seka polres Bantul ora nemokake tanda-tanda kang ngupriyani. Sakbanjure jasade korban dipasrahake marang pihak keluarga saperlu dipethak.


Siswa SMA Ora Lulus UN Paling Akeh
Provinsi paling anyar,Kalimantan Utara (Kaltara),taun iki paling akeh siswane SMA sing ora lulus ujian nasional (UN).Miturut Pejabat Gubernur Kaltara,Irianto Lambrie ,Selasa (20/5),saka murid SMA cacah 4.469 sing melu UN,112 ing antarane ,utawa 2,51 persen,gagal lulus.Miturut Irianto,penyebab ora luluse siswa mau maneka warna, nanging sing paling wigati yaiku merga wilayahe kekurangan guru sarta infrastruktur pendidikan isih durung tumata.Sebab,Kaltara madeg dadi provinsi dhewe lagi taun 2013 kepungkur sawise misahake dhiri saka Kalimantan Timur.

Kanggo nyuda cacahe siswa sing ora lulus ,taun ngarep Irianto bakal nggandheng Universitas Makassar lan Universitas Negeri Surabaya kanggo nambah sesurupane  para guru.Pangajabe,sawise dikuliahake,mutu sarta kualitase guru-guru mau mundhak becik saengga mangaribawani marang murid-muride.Kepala Dinas Pendidikan Kaltim,Musyahrim,mratelake,Kaltara durung bisa disejajarake  klawan provinsi-provinsi kang mutu pendidikane wis mapan.sebab saperangan gedhe fasilitas sekolah ing Kaltara isih ana sangisore standar.


Sumber :

UYON - UYON KAWRUH GAMELAN

Uyon-uyon
·         Maguyu-guyu è pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan pinanganten utawa ing pagelaran ringgit purwa.

·         Unining Gendhing tanpa joged utawi umumipun kanthi thuthukan alon.
·         “uyu”, (kn) Gegendhingan nabuh gamelan (ing nalkane duwe gawe) miturut Baosastrajawa W.J.S Poerwadarminta.

Kawruh Budhaya Gamelan Jawa
Miturut Baosastra Djawa W.J.S Poewadarminta, Gamelan inggih menika arane tetabuhan kang rericikane (Instrumen) akeh banget (Saron, Bonang, Gender, lsp).
Bahan sing biasane dianggo nggawe gamelan arup perunggu utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari), Kuningan saha Barut (Wesi lan Plat).
Miturut daerahe, Gamelan dibagi dadi 3, yaiku :
§      Bali, tempone luwih cepet ketimbang gamelan seko Sunda lan Jawa.
§      Sunda, Musike mendayu-dayu lan didominasi swara suling.
§      Jawa (Jawa tengah uga Yogyakarta lan sebageyan jawa wetan), umum e nadane luwih lembut lan nganggo tempo luwih alon.

Amarga kui, Gamelan Jawa iku uga kasebut pentatonis. Saprangkat gamelan komplit iku nduwe 2 laras inggih punika Gaamelan Slendro lan gamelan Pelog. Laras slendro beda karo pelog, ing slendro ora ana nada 4 (papat/pat) karo 7 (pitu/pi). Laras Slendro nduwe 5 nada, inggih menika 1 2 3 4 5 6 kanthi interval kang padha. Dene laras pelog ik nduwe 7 nada inggih punika 1 2 3 4 5 6 7. Nadyan mangkono, gamelan pentatonis kuwi dhasare ana 5 nada (penta= 5, tone=nada).

Laras inggih punika swara kang ajeg dhuwure, ora owah,kasebut uga nada, sistemnada/tonalsystem. Laras slendro(SI.) ateges siistem ada kang manut cendhek-dhuwure lan intervalsaka  gamelan slendro,semono uga laras pelog (PI.).

Titi laras inggih punika notasi nada kang ditulis manut sistemnada laras lan pathete. Pathet ing laras slendro iku antane, pathet Nem (6), pathet (9),lan pathet manyura (Myr). Dene pathet ing laras pelog inggih punika, pathet Lima (5), pathet Nem (6), lan pathet Barang (Br.).

Ing ngisor iki ndharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud, bahan, cara nabuh gamelan:
1.      Wujud Tebokan

Wujud gamelan iki kayadene Bedhug, Kendhang, Tambur. Cara nabuh dithutuhuk (bedhug, tambur), dikebuk/ keplak/ tabok (kendhang).
Kendhang wujude ana kendhang ageng/gedhe/gending, kendhang ketipung, kendhang ciblon/batangan, lan kendhang sabet/ kosek/ wayang.

kendhang

2.      Wujud Wilahan
Gamelan sing wujude wilahan inggih menika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Carane nabuh yaiku dithuthuk.
gambang

slenthem


Gender

3.      Wujud Wilahan Pencon
Gamelan sing wujude wilahan pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer. Cara nabuhe yaiku dithuthuk.
 
kecer
4.      Wujud Pencon
Gamelan sing wujude pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh gamelan iki yaiku kanthi cara dithuthuk, jagur.
bonang



5.      Wujud Kawatan
Gamelan sing wujude kawatab inggih punika Rebab, Siter, Clempung. Cara nabuhe inggih punika kanthi cara dipethik/ cuwik. Dikosok/ digesek.

rebab

6.      Wujud Pipa
Gamelan sing due wujud pipa inggih punika suling. Cara ngungelaken gamelan iki yaiku disebul kang dueni fungsi kanggo variasi melodi.

suling

(Kapetik saking LKS kagunan weh urubing kabudyan kangge kelas XI SMA/MA/SMK, kanthi ewah- ewahan sawetawis)
Sumber : http://arifa001017.blogspot.co.id/2017/05/pengertian-uyon-uyon-gamelan.html

SESORAH

Sesorah utawa pidhato utawa tanggap wacana ya iku njlentrehaké idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung- tembung kang diucapaké marang wong akéh. Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku werna- werna, ana kang tujuane kanggo menéhi hiburan, menéhi informasi, utawa ajak- ajak marang kang rungokaké supaya nindaki apa kang dikarepaké pemicara. Déné miturut kaanané, jinisé pidhato iku uga werna- werna, ya iku: kaanan resmisetengah resmiora resmilan sapanunggalané. Kepriyé carané pidhato kang apik lan kasil bakal dijlentrehaké ing kéné. Wektu Pidhato pemicara iku digatekaké déning kabéh kang rungokaké. Kabéh kang ana ing pemicara saka klambi, rambuté, tekan carané mlaku ing podium digatekaké déning pamirengé. Kepriyé carané ngadeg uga ora luput saka pengamatanné pemireng pidhato iku. Apa kang ora pas saka pemicara bisa dadi bahan panacad déning para pemireng. Panacad iku nyebabaké pidatoné ora kasil kanthi apik.
1. Carané Nganggo Klambi. Klambiné kudu resik, rapi, sopan, lan jumbuh kaliyan kaanané pemireng pidhato iku. Carané nganggo penganggon utawa klambi kudu bener., umpamane: peciné ora miring, dasiné anggoné nalekaké wis bener. Jinisé klambi uga kudu nyesuaiaké karo pemirengé, yén pemirengé nganggo jas pemicarané beciké uga nganggo jas, yén pemirenge nganggo hem lengen dawa becike pemicarane uga nganggo hem lengen dawa.
2. Carané Ngadeg ing Podium. Sadurungé diwènéhi wektu déning wong kang macakaké pranata adicara, beciké pemicara lungguh ana papan kang rada ndelik. Aja lungguh ana ngarepé pemireng, amarga penampilané mengko ora duwéni kejut. Anggoné mlaku anuju podium kudu kanthi lumrah, ora digawé- gawé. Sadurungé ngomong, ambegan lan nyawang kabéh para pamirengé kanthi sumringah. Anggoné ngadeg kanthi jejeg lan aja nyenderaké awak ing podium.
3. Carané Nggocèki Mikrofon. Mikrofon kang ana standaré ora perlu digocèki bola- bali amarga bisa muni lan brebegi. Déné mikrofon kang ora ana standaré digocèki kanthi lumrah baé. Aja dolanan kabel utawa nggaya kaya penyanyi ing panggung. Mikrofon karo lambé aja kecedaken utawa kadohan.
4. Carané Pidhato. Carané pidhato iku ana papat, ya iku: maca naskah, ngapalaké, spontanitas, lan njlentrehaké utawa njabaraké kerangka pikiran.
Nulis Pidhato Babagan pidatho wis dipratelakaké secetha- cethané ing ngarep. Sadurungé gawé naskah utawa teks pidhato, amrih beciké gawé cengkorongané iku kaya ing ngisor iki.
  1. Uluk salam/ salam pembuka
  2. Purwaka basa: atur pakurmatan, atur puja- puji, atur panuwun
  3. Surasane basa/ isine pidhato
  4. Ringkesan isi pidhato
  5. Salam panutup

Tuladha Sesorah :

Assalamualaikum Wr.Wb

Nuwun,para pinesepuh ingkang satuhu luhuring kawruh,Bapak Kepala Desa sapamongipun ingkang satuhu kinurmatan, Para Ketua RW saha Ketua RT ing wewengkon desa Sukamulyamriki ingkang satuhu luhuring budi,Ketua BPD saha para anggotanipun ingkang winantu ing bagya mulya. Mboten supe para kadang pengurus saha anggota karang taruna ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung nun inggih Allah SWT ingkang sampun paring pinten pinten kanikmatan,karohmatan,kaberkahan,saha kasarasan dhumateng kita,saengga ing wekdal menika kita saged makempal ing mriki kanthi boten wonten pambengan satunggal menapa
Sagung para rawuh ingkang satuhu kinurmatan
Kula ingkang pitados dados sesepuhing para kadang pengurus karang taruna”Mugi Rahayu” ing Desa Sukamulya,ngaturaken agunging panwun dumatheng sagung para rawuh sedaya ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal netepi uleman kula kangge ngrawuhi adicara menika.
Salajengipun kula ugi ngaturaken gungig panuwun dhumateng Bapak Kades ingkang sampun paring idin kangge ngawontenaken adicara dinten menika.
Mboten supe kula ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepidhan dhumateng sagung para rawuh ingakng sampun kepareng paring pambiyantu awujud menapa kemawon,ingkang sedaya kala wau andadosaken gancaring adicara dinten menika.
Bapak-bapak,Ibu-ibu,para rawuh sedaya kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring budi.
Minangka sesulihipun para kadang pengurus kula nyuwun gunging samodra pangeksami mbok bilih anggenipun ngawontenakan adicara menika kathah kekiranganipun,kiranging suba sita ,kirang papan palenggahan saha ubarampe sanesipun,sepisan malih kula nyuwun gunging samodra pangaksami.
Para pilenggah ingkang kinurmatan.
Panjenengan sedaya kula aturi rawuh ing ngriki amargi kula sekanca saking paguyuban karang taruna badhe ngaturi priksa babagan program-program ingkang sampun karancang ing taun menika. Salah satunggaling inggih menika ngugemi panywunipun para mudha ing Desa Sukamulya ingkang kepengin nggadhahi lapangan olahraga bal-balan ingkang sae supados saged kangge gladhen utawi latihan olahraga kanthi sekeca,sak saged-saged nggadhahi lapangan ingkang selaraskalian standar nasional.
Pramila ing kalodhangan menika kula nggadhahi pangajeng-ajeng mugia pepanggihan ing dalu menika saged kangge ajang pirembagan saha penggalihan kados pundi saenipun supados pepenginanipun para mudha menika saged kasebadan. Utaminipun dhumateng Bapak Kades saha ketua BPD ingkang kagungan wenang,kula nyuwun pamrayogi,kawicaksanaan saha panyengkuyungipun. Wonten unen-unen”Anak polah Bapa kepradhah” tegesipun menawilare nggadhahi pepenginan,tiyang sepuhipun kedah tumut menggalihaken.
Kados namung semanten ingkang saged kula aturaken wonten ing ngarsa  panjenengan sedaya,bilih kathah atur kula ingkang mboten mranani penggalih,kula nyuwun agunging samodra pangaksami.


Nuwun..... Wasalamualaikum Wr.Wb

sumber : wikipedia.com
http://duniakirun.blogspot.co.id/2016/04/pengertian-dan-contoh-sesorahlengkap.html